ORANG-ORANG KALI
Oleh: Ninis Sofie
Tokoh-Tokoh
1.
Suro : Kuli batu (tertua)
2. Inem : Istri
Suro
3. Budi : Anak
laki-laki Suro dan Inem (kuli batu termuda)
4. Parjo : Kuli
batu (tertua nomer dua seteleh Suro)
5. Gito : Kuli batu (tertua nomer tiga setelah
Parjo)
6.
Karlina : Pemilik warung makan (ibu-ibu setengah
baya)
Setting di warung, warung tersebut merupakan warung tempat berkumpul
orang-orang pekerja kali
Parjo : “Piye iki kang, utang kok
tambah numpuk ae, kerjo gak bayaran-bayaran?”
Suro : “yo piye neh, awak dewe
iki wong cilik, isone yo mung ngersulo koyo ngene iki”
Parjo : “iyo kang saumpama awak
dewe protes yo protes neng sopo”
Karlina : “yo
protes nang seng tuku watu-watu seng kok usungi iku kang”
Parjo : “maksudmu
tengkulak iku a?”
Suro : “ojo
ngunu to, yo mbok disebut jenenge, pak riman to maksute”
Parjo : “yo iyo
kang lha kate sopo neh, seng nggarai awak dewe iki rekosone naudubillah”
Suro : “Urip
iki yo ngunu kuwi le, seng sabar dadi manungso”
Parjo : “iyo
kang samean iki yo kok betah kerjo koyok ngene iki, mulai mbiyen sampek wes
sepuh ngene iki”
Suro : “hemmmm,,,”
Karlina : “lha
podo nang ndi kabeh kang bolo-bolo riko”
Parjo : “yo
mboh Kar,, Kar,, iki wes awan koyok ngene kok yo sek sepi”
Karlina : “yo
wes,, leyeh-leyeh kene sek wes, po perlu tak imbuhne sego”
Suro : “ra
usah Kar,, utang ku wes numpuk neng koe, lek koe tak utangi terus bangkrut koe
suwe-suwe”
Parjo : “iyo Kar,
koe pisan iki yo kok sek betah dodolan nek kene, mek gur diutangi tok neng
wong-wong kali-an iki”
Karilina : “kang,,
kang,, yo kate dodolan nang ndi neh, kate neng kuto yo tambah susah, durung
mesti iso sukses, wes manut koyok seng diomongne kang Suro kuwi, nrimo, yo gur
nrimo”
(Gito muncul dengan
wajah kecewa)
Gito : “waduhhh,,,
waduuuhhh,,, kannggg,,,”
Parjo : “opo
maneh Gito iki”
Suro : “opo o
To,, teko-teko koe kok katon putus asa ngunu kuwi?”
Gito : “kate
gak putus asa piye kang, aku wes masang telong nomer ra enek seng tembus”
Karlina : “togel
iku openono, bojomu kuwi lho blanjanono kok togeeeellll ae”
Gito : “wes
to Kar, lek nomerku tembus utangku bakal tak lunasi kabeh, koe bakal tak weneh
i persen pisan”
Karlina : “iyo,,
tapi kapan?”
Suro : “lha
iku??”
Parjo : “hahahahha”
Gito : “gaekne
kopi aku Kar, gak usah gulo wes”
Karlina : “seng
gena kang”
Gito : “iyo
wes atiku kecut ngene iki”
Suro : “wes
turutono wae Kar, ketimbang muring-muring terus Gito iku”
Karlina : “lha
anak riko nang ndi kang Suro kok durung muncul”
Suro : “yo
mboh ta, mau aku budal arek e sek turu”
Gito : “sak
no,,, sak no, gak bapak gak anak nasipe yo kok podo ae,, ngusungi watu ae”
Parjo : “hahahhaha,
ojo dianggep serius kang, ki guyon ae”
Suro : “iyo
aku wes paham lek ngunu kuwi”
Karlina : “lha
arek e gak kok sekolahne to kang”
Suro : “ora
gelem,, wes tak jak daftar sekolah neng esempe
kecamatan malah arek e kabur muleh, tak takok i jarene gak gelem sekolah
kepingine melu aku nang kali-an ae usung-usung watu”
Karlina : “o alah
kang-kang yo kok ngunu kuwi arek iku”
Suro : “yo wes
Kar, aku tak budal disek, watu-watu iku wes podo ngenteni diusungi”
Gito : “sek kene
opo o kang, ngopi-ngopi sek”
Suro : “uwes
to, ayo kabeh yo”
Parjo : “iyo
kang marine tak susul”
(Suro
keluar panggung)
Karlina : “kang Suro,,,
kang Suro,,, “
Gito : “opo o
Kar”
Karlina : “mulai
kaet teko neng kene mau ora mangan opo-opo blas, yo mung ngrokok
ngglintir dewe iku tok nggowo bako teko
umah e”
Parjo : “lha
mau tak kon njupuk gorengan ora gelem”
Gito : “wes
jar no wong tuwo yo ngunu kuwi, eh koe wes krungu kabare Minah a?”
Parjo : “Minah
sopo kang?”
Gito : “Minah
anak e kang Urip iku lho”
Karlina : “seng
dadi tkw nang malaysia iku to kang?”
Gito : “iyo
sopo neh, eling kan?”
Parjo : “yo wes
eling aku , opo o karo Minah”
Gito : “jarene
dirabi Karo juragane neng malaysia kono”
Karlina : “wah yo
enak to kang,, iso dadi wong sugih pisan”
Gito : “ngawur
koe”
Karlina : “lhoh
ngawur piye to kang, lak bener to, dirabi juragane kan berarti juragane sugih terus
Minah yo sugih pisan”
Parjo : “lak
iyo se kang, bener to seng diomongne Karlina kuwi”
Gito : “ojo
kesusu,, ojo kesusu disek to, aku cerito durung mari iki”
Parjo : “yo wes
ndang marikne ceritomu kang”
Gito : “iki
mumpung ra enek kang Suro pisan koe tak critani, mbiyen iku Minah jane arep
dirabekne karo anak e kang Suro, Budi iku, tapi mergo sek podo cilik e nang
wong tuwone Minah durung oleh lha trus sak wene ngenteni Budi ngumpulne bondo, Minah
yo kepingin ngumpulne bondo pisan gae rabi”
Karlina : “mangkane
Minah dadi tkw neng malaysia ngunu to kang”
Gito : “iyo,
sek tala ojo dipedot omonganku, mau bengi iku aku krungu jarene kang Suro nang
umae kang Urip arep nakokne Minah, eh lakok kang Urip jawape jare Minah wes
rabi nang malaysia kono”
Karlina : “mangkane
mau kang Suro ora gelem mangan opo-opo blas, terusne kang ceritone”
Gito : “cerito
terusane iku ...”
(Budi anak Suro tiba-tiba muncul sehingga Gito terkaget
dan menghentikan ceritanya)
Budi : “assalamualaikum
kang,, yu,,”
Karlina : “eh koe
le, wes mangan le”
Budi : “wes yu
neng umah mau, kok sek podo neng kene iki, mau koyok e kang Gito arep cerito,
aku yo pengen ngerti kang”
Gito : “ora
cerito opo-opo, ndang nyusul bapakmu kae lho wes usung-usung watu kaet mau koe
iki tangine awan”
Budi : “mosok
bapak wes kaet mau kang, lha iki kang Parjo sek neng kene biasane kang bareng
riko kang”
Parjo : “iyo le
tapi iki mau aku sek aras-arasen yo trus bapakmu nang kali disek”
Budi : “o alah
ngunu to”
Karlina : “ngopi a
le?”
Budi : “ora yu
uwes mau neng umah, yo wes aku tak langsung nyusul bapak ae”
(Budi keluar panggung)
Karlina : “age
kang terusne ceritone sampean”
Gito : “uwes Kar
koe engko bakalan krungu dewe”
Parjo : “lha
koe lho ngerti teko ndi cerito ngunu kuwi”
Gito : “ngerti
teko ...”
Karlina : “waduh,,,
waduh,,,kang,,,”
Gito : “opo
ae to Kar, mben ate omong kok mesti kok pedot”
Karlina : “hehehe
kang, aku lali enek seng Kari nang umah mau, kopine neng kene iki wes entek aku
mau ate nggowo eh lali, sek kang tak jupuk e tunggonono warung ku dilut yo kang”
Parjo : “yo wes
ndang dijupuk kono”
(Karilina keluar pannggung lalu ada istri Suro lewat)
Parjo : “arep
nang ndi yu?”
Inem : “arep
nyusul kang Suro”
Gito : “lha
enek opo kok disusul, awan-awan yo mosok arep di ajak kelon yu”
Parjo : “hahhaha,
ojo tersinggung Nem koyok ndak ngerti Gito ae lek kadung guyon”
Inem : “iyo
kang,,”
Parjo : “lha
arep enek opo to”
Inem : “enek
tamu kang”
Parjo : “kang Suro
wes budal disek an mau, susulen neng kali kono karo Budi kok mau”
Inem : “yo wes
kang suwun”
(Inem keluar panggung)
Gito : “koe
ngerti sopo tamune?”
Parjo : “yo ora
ngerti to, koe iki piye to To”
Gito : “aku
ngerti”
Parjo : “halah
kayal a, lawong koe ono neng kene kaet mau karo aku kate ngerti teko ndi”
Gito : “tamune
iku kang Urip”
(Karlina muncul tiba-tiba)
Karlina : “kang,,
kang,,,”
Gito : “hemmm,,
aku kate ngomong mesti dipedot Karlina”
Parjo : “opo o
koe kok koyok wong gupug ngunu, ngos-ngosan”
Karlina : “kang Urip
ono neng umae kang Suro”
Gito : “lehh,,
bener to opo jare aku”
Karlina : “opo ne
seng bener kang”
Gito : “sektas
iku Inem rene, arep nggolek i kang Suro arep dijak muleh jarene neng umah e
enek tamu, terus aku ngomong nang kang Parjo lek tamune iku kang Urip, kang Parjo
ora percoyo”
Parjo : “iyo
percoyo, wes kok malah ngurusi uripe uwong, aku tak ngurusi watu sek, wes to Kar
titip warunge, awakmu wes teko dadi iso tak tinggal”
Karlina : “iyo
kang kesuwun yo”
(Parjo keluar panggung)
Karlina : “riko
ora budal pisan to kang”
Gito : “yo
wes aku tak budal pisan Kar,, utang sek yo kopine”
Karlina : “iyo,
ndang di bayar”
Gito : “lek
wes oleh duwit mesti langsung tak lunasi kabeh”
(Gito keluar panggung dan panggung menjadi gelap)
....
(keesokan harinya)
Karlina duduk didepan warungnya sambil
bernyanyi-nyanyi lirih, ngenteni wong-wong budal nang kali ngusungi watu.
Karilina : “o alah
nasip,, nasip yo kok ngene iki, duh
gusti nyuwun pangapuro yen kulo nggada duso,,”
(Gito muncul tiba-tiba)
Gito : “wes
ojo ngersulo ae, ndang gaek ne aku kopi kono”
Karlina : (kaget) “waduh,,
kang-kang samean iki ngaget-ngageti ae”
Gito : “lha
koe ngersulo ae”
Karlina : “ora
ngersulo kang, mung gur sambat”
Gito : “yo
opo bedone”
Karlina : “yo bedo
to kang”
Gito : “yo
wes, wes ndang kopine”
Karlina : “ora
usah gulo neh a iki”
Gito : “yo karo
gulo to, seng manis ngunu lho Kar, koyo esemmu”
Karlina : “kang Gito
iki iso ae”
(Budi tiba-tiba muncul
dengan sedikit berlari menuju sungai)
Gito : “onok
opo Bud kok mlayu-mlayu”
(Budi tidak menjawab tapi bertambah kencang larinya)
Gito : “arek
saiki ngunu kuwi yu, ditakoni wong tuwo malah ngibrit koyok ulo ketok kodok”
Karlina : “paleng
mari diseneni kang Suro, lek gak ngunu yo diseneni yu Inem”
Gito : “ojok-ojok
arek iku nesu goro-goro saiki wes ngerti lek Minah rabi Karo juragane neng
malaysia kono”
Karlina : “yo gak
ngerti maneh kang”
Gito : “nang
ndi wong-wong iki yo kok durung muncul, ra enek wong blas to Kar kaet mau”
Karlina : “ora
enek, yo sampean iki tok sik an”
Gito : “lah
nang ndi kang Suro karo kang Gito yo kok ra muncul, kang Giman, kang Lekso
barang”
Karlina : “paleng
yo sek sarapan neng umah e kang”
Gito : “iyo,,
ra koyok aku ngene iki urip dewe mangan turu ra enek seng ngurusi”
(Parjo muncul)
Parjo : “apane
seng ra enek seng ngurusi kang?”
Gito : “sampean
panjang umur kang, sek tas tak rasani karo Karlina”
Parjo : “urip
yo kok rasan-rasan ae koe iku”
Gito : “yo
wes ngene iki”
(Suro muncul)
Karlina : ”lho,,
kang Suro kopi a kang”
Suro : “ora Kar”
Parjo : “yo
lungguh-lungguh kene sek kang”
(Suro duduk)
Parjo : ”sampean
kok katon susah enek masalah to kang,, menowo sampean gelem cerito kang terus
aku, Gito, Karo Kar menowo iso nulungi”
Suro : “ora,
ra enek opo-opo”
Karlina : “aduuhh,,,
kang,,, wetengku senep, aku arep nang kali sek yo, titip warung ku”
Gito : “kok
yo mben aku neng kene koe mesti titip warung Kar,, Kar”
Karlina : “aduhh,,
wes ndak kuat kang ki wes muntup,, muntup”
Parjo : “yo
ndang budal kono tak jagakne warunge”
(Karlina keluar panggung)
Gito : “jare
wingi kang Urip neng umah e riko kang
enek opo”
Parjo : “husshhhh,,,
koe iki melu urusane uwong ae”
Suro : “hemmm
ora opo-opo Jo,, Gito yo mek takon”
Gito : “iku
lho kang,, aku mung takon, perkoro kang Suro ora gelem njawab yo ora opo-opo,
ora dadi masalah to”
Parjo : “iyo
tapi koe iku yo kok ngurus urusane uwong ae”
Gito : “aku
mung takon kang”
Suro : “uwes,,
uwes,, ra usah petentengan , kang Urip nang umah mergo enek perlune...”
Gito : “Karo Budi
ta kang”
Parjo : “ngurus
men se koe iki To”
Suro : “ben’
ne Gito yo mung kepingin takon paleng”
Gito : “iyo
kang”
Suro : “intine
kang Urip nduwe perlu Karo aku, yo Karo Inem, yo Karo Budi pisan, ngunu”
Gito : “perlu
opo kang”
Parjo : “wes,,
To wes,, koe iki suwe-suwe ra kenek dikandani koe iki ra iso njogo perasaane
wong tuwo blas, kang Suro iki wong tuwo, kudu di hormati, ora koyok koe seng
sludar-sludur takon sembarangan nang kang Suro, iso ngormati wong tuwo opo ora
koe iki, suwe-suwe tak dudul serok an krikil iki koe yo lek ra iso meneng koe
iku yo kok ...”
(Karlina tiba-tiba muncul)
Karlina : (dengan sangat kebingungan, gelisah, ngeri,
nangis bercampur jadi satu) “kang,,, kang,,,,, aduh kang,, ciloko,, ciloko,,”
Parjo : “enek
opo to Kar teko-teko ngos-ngosan mlayu-mlayu”
Karlina : “Budi
kang,,, Budi”
Suro : “opo o Budi?,,
opo o?”
Karlina : “Budi
kang”
Suro : “iyo
opo o?”
Karlina : “Budi
kang,,, Budi...”
(Suro
langsung lari menuju sungai Karena merasakan hal yang tidak enak dari omongan Karlina)
Parjo : “alon-alon
opo o Budi”
Karlina : “sikile
ditaleni watu trus arek e mendelep neng njero banyu”
(Lampu padam, ada iringan lagu kematian)
Keesokan
harinya, di warung Karlina
Parjo : “wes tembus
a nomermu To?”
Gito : “wingi
iku jane meh tembus kang tapi gagal”
Karlina : “iyo
intine tetep gagal kang Gito,,, iyo to kang Suro?”
Suro : “iyo”
SELESAI
Tidak ada komentar:
Posting Komentar